Google

Kamis, 23 Juli 2009

Suluk Malang Sumirang

Pupuh Dhandhanggula

1. Malang sumirang amurang niti
anrang baya dènira mong gita
raryw anom akèh duduné
anggelar ujar luput
anrang baya tan wruh ing wisthi
angucap tan wruh ing trap
kaduk andalurung
pangucapé lalaluya
ambalasar dhahat amalangsengiti
tan kena winikalpa.

2. Andaluya kadadawan angling
tan apatut lan ujar ing sastra
lan murang dadalan gedhé
ambawur tatar-tutur
anut marga kang dèn-singkiri
anasar ambalasar
amegat kekuncung
tan ana ujar kerasa
liwang-liwung pangucapé burak barik
nulya kaya wong édan.

3. Idhep-idhepé kadya raryalit
tan angrasa dosa yèn dinosan
tan angricik tan angroncé
datan ahitang-hitung
batal karam tan dèn-singgahi
wus manjing abirawa
liwung tanpa tutur
anganggé sawenang-wenang
sampun kèrem makamé wong kupur kapir
tan ana dèn-sèntaha.

4. Angrusak sarak ujar sarèhing
acawengah lan ajar ing sastra
asuwala lan wong akèh
winangsitan andarung
kedah anut lampah tan yukti
mulané ambalasar
wus amanggé antuk
jatining apurohita
marminipun tan ana dèn-walangati
sakèhing pringgabaya.

5. Pangucapé wus tanpa kekering
oranana bayané kang wikan
dhateng kawula jatiné
tan ana bayanipun
anging tan wruh jatinirêki
pan jatining sarira
tan roro tetelu
kady angganing reringgitan
duk sang Panjy asusupan rahina wengi
kesah saking nagara.

6. Anêng Gegelang lumampah carmin
anukma aran dhalang Jaruman
dèn-pendhem kulabangsané
ndatan ana kang weruh
lamun Panji ingkang angringgit
baloboken ing rupa
pan jatine tan wruh
akèh ngarani dhadhalang
dhahat tan wruh yen sira putra ing Ke1ing
kang amindha dhadhalang.

7. Adoh kadohan tingalirêki
aparek reké tan kaparekan
yèn sang Panji rupané
dèn-senggèh baya dudu
lamun sira Panji angringgit
balokloken ing tingal
pan jatining kawruh
lir Wisnu kelayan Kresna
ora Wisnu anging Kresna Dwarawati
amumpuni nagara.

8. Wisésa Kresna jati tan sipi
kang pinujyêng jagad pramudita
tan ana wruh ing polahé
lir Kresna jati Wisnu
kang amanggih datan pinanggih
pan iya déning nyata
kajatenirêku
mulané lumbrah ing jagad
angestoken kawignyan sang Wisnumurti
nyatané arya Kresna.

9. Mangkana kang wus awas ing jati
oranana jatining pangéran
anging kawula jatiné
kang tan wruh kéngar korup
pan kabandhang idhepirêki
katimpur déning sastra
milu kapiluyu
ing wartaning wong akathah
pangèstiné dèn-senggèh wonten kakalih
kang murba kang wisésa.

10. Yèn ingsun masih ngucap kang lair
angur matiya duk lagi jabang
ora ngangka ora ngamé
akèh wong angrempelu
tata lapal kang dèn-rasani
sembayang lan puwasa
dèn-gunggung tan surud
den-senggèh anelamna
tambuh gawé awuwuh kadya raragi
akèh dadi brahala.

11. Pangrungunisun duk raré alit
nora selam déning wong sembayang
nora selam déning anggèn
tan selam déning saum
nora selam déning kulambi
tan selam déning dhestar
ing pangrungunisun
éwuh tegesé wong selam
nora selam déning anampik amilih
ing karam lawan kalal.

12. Kang wus prapta ing selamé singgih
kang wisésa tuwin adi mulya
sampun teka ing omahé
wulu salembar iku
brestha geseng tan ana kari
angganing anêng donya
kadya adedunung
lir sang Panji angumbara
sajatiné yèn mantuk ing gunung urip
mulya putrêng Jenggala

13. Akèh wong korup déning sejati
sotaning wong dèrèng purohita
dèn-pisah-pisah jatiné
dèn-senggèh seos wujud
sajatiné kang dèn-rasani
umbang ing kapiran
tambuh kang den-temu
iku ora iki ilang
mider-mider jatiné kang dèn-ulati
tan wruh kang ingulatan.

14.

Brahalane den-gendong den-indit malah kabotan dening daadapen mangke dereng wruh jatine dening wong tanga guru amungaken wartaning tulis kang ketang jatining lyan den-tutur anggalur den-turut kadya dadalan kajatene deweke nora kalingling lali pejah min-Wang

15.

Dosa gung alit kang den-singgahi ujar kupur-kapir tan den-ucap iku wong anom kawruhe sembayang tan surud puwasane den ati-ati tan ayun kaselanan kalimput ing hukum kang sampun tekeng kasidan sembah puji puwasa tan den-wigati nora rasa-rinasan

16.

Sakeh ing doss tan den-singgahi ujar kupur-kapir tan den-tulak wus liwang-liwung polahe tan andulu dinulu tan angrasa tan den-rasani tan amaran pinaran wus jatining suwung ing suwunge iku ana ing anane iku surasa sejati tan kena den-ucapna

17.

Dudu rasa kang keraseng lati dudu rasa rasaning pacuwan dudu rasa kang ginawe dudu rasa rasaning guyu dudu rasa rasaning lati dudu rasa rerasan rasaku amengku salir ing rasa surasa. mulya putreng Jènggala

rasa jati kang kerasa jiwa jisim rasa mulya wisesa

18.

Kang wus tumeka ing rasa jati panembahe da tanpa lawanan lir banyu mili pujine ing enenge anebut ing unine iya amuji solahe raganira dadi pujinipun tekeng wulune salembar ing osike tan sipi dadi pamuji pamuji dawakira

19.

Ingkang tan awas puniku pasti dadi kawulane kang wus awas teka ing sembah pujine amung jatining weruh pamujine rahina wengi mantep paran kang awas ujar iku luput ananging aran tokidan lawan ujar kupur-kapir iku kaki aja masih rerasan

20.

Yen tan wruha ujar k„p„r-"pir pasti woog iku durung ~"„, maksih bakai pangawruhe pan kupur-kapir iku iya iku sampurna jati pan wèkas ing kasidan kupur-kapir iku iya sadat iya salat iya idep iya urip iya jati iku jatining salat

21.

Sun-marenana angedarneling sun-sapiye ta bok kadedawan menawa mèdal cucude ajana milu-milu mapan iku ujar tan yakti pan mangkana ing lampah anrang baya iku rare anom ambelasar tanpa gawe gawene sok murmg niti anggung malang sumirang.

1 komentar:

pian mengatakan...

salam djati! kang tlung artiin y0w, au gk mudeng b0s0ne! ntr krm k alamatq y0w! matursuwun!