tur selamet sarta kuwarasan
pepali iku mangkene :
- awja agawe angkuh
- awja ladak lan ajwa jail
- awja ati serakah
- awja celimut
- awja mburu aleman
- awja ladak, wong ladak pan gelis mati
- lan ajwa laku ngiwa
ARTINYA : ajaran hargai agar memberkahi
lagipun selamat, sehat
pepali itu demikian :
- jangan berbuat angkuh
- jangan bengis dan jangan jahil
- jangan tamak hatimu
- jangan pun panjang tangan
- jangan memburu pujian
- jangan angkuh, yang angkuh lekat koit
- jangan hendak bersikap negatif/buruk
2. padha sira titirua kaki
jalma patrap iku kasihana
iku arahen sawabe
ambrekati wong iku
nora kena sira wadani
tiniru iku kena
pambegane alus
yen angucap ngarah-arah
yen alungguh nora pegat ngati-ati
nora gelem gumampang
3. sapa sapa wong kang gawe becik
nora wurung mbenjang manggih harja
tekeng saturun-turune
yen sira dadi agung
amarentah marang wong cilik
awja sedaya-daya
mundhak ora tulus
nggonmu dadi pangauban
awja nacah, marentaha kang patitis
nganggowa tepa-tepa
4. padha sira ngestokena kaki
tutur ingsun kang nedya utama
angharjani sarirane
wya nganti seling surup
yen tumpangsuh iku niwasi
hanggung atelanjukan
temah sasar susur
tengraning jalma utama
bisa nimbang kang ala lawan kang becik
rasa rasaning kembang
5. kawruhana pambengkasing kardi
pakuning rat lelananging jagad
pambengkasing jagad kabeh
amung budi rahayu
setya tuhu marang HYANG WIDHI
warastra pira-pira
kang hanggung ginunggung
kasor dening tyas raharja
harjaning rat punika pakuning bumi
kabeh kapiyarsakna
6. poma poma anak putu mami
awja sira ngegungake akal
wong akal ilang baguse
dipun idhep wong bagus
bagus iku dudu mas picis
lawan dudu sandhangan
dudu rupa iku
bagus iku nyatanira
yen dinulu asih semune prakati
patrap solah prasaja
7. lawan awja dhemen ngaji-aji (mujizat)
awja sira kepengin kedhotan
kadigdayan apa dene
awja sira mbedhukun
awja ndhalang lan awja grami
awja budi-sudhagar
awja watak-kaum
kang den ajab mung ruruba
kaum iku padune cukeng abengis
iku kaum sanyata
8. kumbah krakah cukit lan andulit
miwah jagal melanten kumala
iku nora dadi gedhe
wajib sinirik iku
pan wus awja ngaruh-aruhi
awja doyan sembrana
matuh analutuh
niwasi barang karya
wong sembrana temahane nora becik
nyenyenges nanjak-nanjak
9. pae wong MAKRIFAT sejati
tingkah una-unine prasaja
dadi panengran gedhene
eseme kadi juruh
saujare manis trus ati
iku ingaran dhomas
wong bodho puniku
ingkang jero isi emas
ingkang nduwe bale kencana puniki
bola-bali kinenca
10. keh tepane mring sagun ging urip
pan uninga ati tengu gengnya
ingkang sasingkal gedhene
endhog bisa keluruk
miwah geni binakar warih
iku talining barat (angin)
kawruhana iku
manjing atos nora renggang
bisa mrojol ing kerep dipun kawruhi
kang cendhak kethokana
11. awja watak sira sugih wani
awja watak sok ngajak tukaran
awja ngendelke kuwanen
awja watak anguthuh
awja ewanan lan awja jail
awja ati canthula
ala kang tinemu
sing sapa atine ala
nora wurung bilahi pinanggih wuri
wong ala nemu ala
12. poma poma anak putu mami
awja sira mengeran busana
awja ngendelken pintere
awja anggunggung laku
ing wong urip dipun titeni
aketareng basa
katandha ing semu
semu becik, semu ala
sayektine ana tingkah solah muni
katon amawa cahya
13. awja sira amadhakken jalmi
amarentah kaya sato kewan
kebo sapi miwah iwen
awja sira prih weruh
kaya uwong pan nora ngreti
awja kaya si Soma
kebone pinukul
sababe sinau maca
yen bisoa nora beda padha urip
mulane awewuda
14. ayam ginusah yen munggah panti
atanapi lamun mangan beras
kebo ngadhangan bae
iku wong olah semu
lamun sira tetanggan kaki
yen layah ingaruhan
aruhana iku
yen tan layak enengena
apan iku nggemeni darbek pribadi
pan dudu rayatira
15. patrapena rayatira kaki
anak putu sanak presanakan
enakena ing atine
lamun sira amuruk
weruhena yen durung sisip
yen wus ketiwasan
awja sira tutuh
kelangan tambah duraka
yen wus tiwas sira umpah-umpahi kaki
tur iku mundhak apa
16. bumi geni banyu miwah angin
pan srengenge lintang lan rembulan
iku kabeh aneng kene
segara jurang gunung
padhang peteng padha sumandhing
adoh kalawan perak
wus aneng sireku
mulane ana wong ngucap
sapa bisa wong iku njaring angin
jaba jalma utama
17. tama temen tumanem ing ati
atinira tan nganggo was-uwas
waspada marang ciptane
tan ana liyanipun
muhung cipta harjaning ragi
miwah harjaning wuntat
ciptane nrus kalbu
nuhoni ingkang wawenang
wenangira kawula punika pesthi
sumangga ring kadarman