Serat Wulangreh
Oleh Sri Mangkunegoro IV
Mingkar – mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih Kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembanganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Ganyak-ganyuk nglelingsemi
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo paparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.
Si Pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandane nora kaprah
Saya elok alangka lokanganipun
Si Wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si Pingging.
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sedina-dina
Aja mangkono wong urip.
Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki.
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah-wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lah iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata-krama
ngGon-angon agama suci.
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh kasor kudu unggul
Sumengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki.
Kekerane ngelmu karang
Kakarangan saking bangsaning gaib
Iku borfeh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengkok pancabaya
Ubayane mbalenjani
Marma ing sabisa-bisa
Babasane muriha tyas basuki
Puruita-a kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon-aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri.
Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sajatining ngelmu
Tan pasthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki.
Mingkar – mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih Kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembanganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Ganyak-ganyuk nglelingsemi
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo paparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.
Si Pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandane nora kaprah
Saya elok alangka lokanganipun
Si Wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si Pingging.
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sedina-dina
Aja mangkono wong urip.
Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki.
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah-wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lah iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata-krama
ngGon-angon agama suci.
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh kasor kudu unggul
Sumengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki.
Kekerane ngelmu karang
Kakarangan saking bangsaning gaib
Iku borfeh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengkok pancabaya
Ubayane mbalenjani
Marma ing sabisa-bisa
Babasane muriha tyas basuki
Puruita-a kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon-aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri.
Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sajatining ngelmu
Tan pasthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki.
2 comments:
punika sanes serat wulangreh, nanging wedhatama..
Serat ingkang panjenengan postingaken puniko sanes serat Wulangreh, ananging serat Wdehatama anggitanipun (karya) Sri Mangkunegoro IV. Adipati ing Mangkunegaran Surakarta, Dene Serat Wulangreh punika, manawi boten kalintu sinerat dening (dikarang oleh) Sinuwun Pakubuwana III saking Kraton Surakarta Hadiningrat ugi. Kekalih Panyerat (pengarang) kalawau benten ing jaman gesangipun. Nyuwun pangapunten tuwin mugi handadosna kawuningan.
Matur Nuwun
Widodo Trihartono
Post a Comment